
Mlaku antarane wektu lan uwot kayu Nglangute kalimpat-limput Nyisa jugrugan pakarti Linarak bandang saka perenging budi
Apa iki isih sinebut ; Setya linindih lawase karsa kawuri ?
Banjir rasa nyiksa.. Asat ing segara ngimpi. Linacak ngulon rungkude alas Linacak ngetan ra kuwawa mluwate warih Tinampann ara-ara kawudan welas. Pinjunge mlengos ngiwa Dinusta cidra culikane
Duh gusti.. Wedharna piwulang jati Ing tengahing lelakin iki. [ @bypras ]